SMP Negeri 1 Nanggulan

Jatingarang Lor, Jatisarono, Nanggulan, Kulon Progo, Yogyakarta

Where Tomorrow's Leaders Come Together

"Tini Matur"

Sabtu, 23 September 2023 ~ Oleh Administrator ~ Dilihat 247 Kali

Berikut adalah rekam jejak keikutsertaan dalam lomba alih aksara tulisan Jawa ke dalam tulisan latin yang dilaksanakan oleh Kiara Tania Putri Susanto kelas IXA SMP Negeri 1 Nanggulan.

Tini Matur

Kaya adate, sawise padha ngrungokake katerangan Bapak Guru Waskita, bocah-bocah padha nyatheti lan nggarap gladhen. Dina iku lagi padha sinau Basa Jawa

Dumadakan Tini kebelet kepingin ing pakiwan. Sejatine wis sawetara krasa nanging diampet wae. Saiki wis ora bisa tahan maneh. Mula banjur ngadeg klambi lan roke ditata. Mlaku alon menyang ngarep kelas, nyedhaki Pak Guru Waskita. Tini mandheg ngadeg jejeg tangan tumata ngapurancang, ulat sumeh. Nuli matur marang bapak Waskita, nuwun sewu, kepareng anyuwun pamit dhateng wingking sekedhap. Tini matur alon, lirih nanging cetha karo awakake dibungkukake sethithik. Bapak Waskita manthuk lan ngendika, "Ya."

Tini mbungkuk sethithik mundur, banjur minger lunga menyang pakiwan. Ora nganti rong menit Tini wis bali menyang kelas, mlaku alon lan patrape padha nalika nyuwun pamit mau. Tini matur, "Sampun Bapak", matur nuwun. Bapak Waskita manthuk lan ngendika ngucapake tembung padha- padha. Tini banjur bali menyang palungguhan.

Kang kasebut iku tata kramane bocah sing ana jero kelas menawa kepeksa perlu metu. Nyuwun pamit luwih dhisik marang bapak guru sawise diparingi idin lagi nindakake apa perlune. Yen wis rampung perlune, nuli matur minang kacaos lapuran lan ora lali ngaturake matur nuwun. Kabeh kang ditindakake murid mesthi digatekake dening gurune, mula dadi murid iku kudu tansah kebak ing unggah-ungguh lan tata krama.

 

KOMENTARI TULISAN INI

  1. TULISAN TERKAIT
...

Sumarno, S.Pd.

Assalamualaikum warohmatullahi wabarokaatuh, Pengunjung webside yang budiman, Sebagai insan beriman, tak henti dan tak lelah kita berucap syukur ke hadirat…

Selengkapnya

JAJAK PENDAPAT

Bagaimana pendapat anda mengenai web sekolah kami ?

LIHAT HASIL